Jare simbah ora ana papan ing donya iki kang temen-temen
kalis saka bebaya. Nalikane awak iki keno pacoban ana sing ilang, bab
sing banget aji, yo iku katentreman. Katentreman dirusak dening rasa wedi kang tansah
nguwasani. Iki ngambarake yen manungsa kuwi sejatine ringkih. Ringkih kang kita sandhang
dadi kaya pedhut kandel kang ngemuli atine manungsa.
Pacoban mau keroso luwih abot nalika teko ing wektu kang ora kanyana-nyana.
Yo pancen ati lan budi iki kadhang ora siap ngadhepi pacobankemau. Awit pacoban kuwi njalari kang ketaman dadi goreh sanalika dadi bingung. Sing ketaman dadi rumangsa kalah lan babarpisan ora kuwawa ngadepi kahanan kang nyoto.

Namung kanthi athi kang gedhe kang dinggo mapak kahanan kemau lan roso pasrah, sabar,narimo lan eling marang Gusti Kang Murbeng Gesang yoiku Allah swt. Tansah nyaketaken marang Pangerane sabanjure tuwuh kuwanen kanggo ngadepi kabeh mau. Ing wusono panandang dadi luwih entheng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar